Lebet jaman ingkang sarwi modern menika iklan saged ditemu lebet sadhengah papan panggenan. Boten namung mligi lebet spanduk, pamflet, koran, ananging radio, tv, internet ugi sampun kathah kagunakake kagem memasang iklan. Klentu setunggalipun titikane iklan ingkang sae punika saged dimengamati dening bahasanya. Basa iklan ingkang sae punika basa ingkang gampil dening pamaos utawi pamirsa.
A. Ngrembag teks iklan.
Iklan punika mujudake warta utawi pesen kagem njurung utawi mbujuk dhateng bebrayan supados mundhut utawi ngginakaken barang ingkang dipunawisaken. Lumantar medhiane iklan punika saged kagolong dados kalih yaiku iklan lisan lan iklan serat.
Iklan serat saged awujud pamflet, poster, baliho saged ugi kacuthak lebet ariwarti utawi kalawarti. Dene iklan lisan kagiyarake lumantar medhia elektronik kayate tv kaliyan radhio.
Titikane iklan ingkang sae yaiku jujur, obyektif, cetha, ringkes, cariyosipun prasaja, gampil dimengerti, narik kawigaten, sopan, kaliyan logis.
B. Dene unsur -unsure iklan.
⟴ Asmanipun barang utawi jasa ingkang dipunawisaken.
⟴ Pihak utawi paniyangan ingkang memasang.
⟴ Alamate ingkang memasang.
⟴ Kawontenan sarta gina barang utawi jasa ingkang ditawarkan.
C. Titikane basa iklan.
➽Basa teks iklan punika benten kalih basa teks-teks sanesipun, yaiku :
⟴ Migunakake slogan.
⟴ Ukantenipun persuasi utawi mbujuk priyantun benten.
⟴ Migunakake subjek priyantun kapisan.
D. Tuladhane iklan ingkang radio.
Pro 4 rri yogyakarta,
ngleluri budaya jawa,
frekuensi am 1107 khz,
progam pendidikan dan budaya.
Acarlah :
- Kethoprak.
- Ringgit kulit.
- Uyon-uyon manasuka.
- Sandiwara basa jawa.
E. Upakaranipun nyerat iklan.
➽Manggih ancase iklan (mendirikan barang utawi jasa).
➽Damel cengkorongan ingkang dumadon dening unsur-unsur pawartos (asma barang utawi jasa, ingkang damel iklan, alamat, kawontenan utawi manfaat).
➽Ngrembakake cengkorongan dados iklan ingkang wetah, ngagem basa ingkang prasaja, cekak, mentes, cetha, sopan ugi narik kawigaten.
F. Nyuguhkake teks iklan.
Nyuraos pakewedipun iklan. Kalebet basa ugi pangucape tembhng ingkang rinakit lebet teks iklan.
Swanten sarta pangucaping tembung kedah cetha kaliyan trep menawi awujud pagineman kedah njumbuhake karakter paraga ingkang dipungambaraken.
Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA